Mahasiswa Enggal Gladhen Kendel
Mawi Jurit malam
Minggu 22
september

Jurit menawi dipuntingali asal
tembungipun menika saking basa kawi ingkang tegesipun perang. Malam menika
dalu, dados jurit malam menika menawi dipun tegesi dados perang mungsuh
petenging dalu. Jurit malam punika salah satunggaling adicara ingkang
mlebet reroncening adicara Malam Keakraban utawa MAKRAB Jurusan Pendhidhikan
Basa Daerah. Ngendikanipun Afwaz M. Afif minangka panawung Kridha Adicara
MAKRAB,“Jurit malam katindakaken kanthi ancas saged mbentuk watak lan
mental mahasiswa enggal supados langkung sae solah tingkah lakunipun dhumateng
kakang lan mbakyu angkatanipun ugi dados sarana kangge ningkateken mental
supados kendel ngadhepi pacoban”.

Wonten sekawan pos utawa tantangan ingkang dipunsamektakaken kanca-kanca
panitia MAKRAB kangge jurit malam. Pos setunggal menika papanipun wonten
komplek sasana laya dhusun Ambarbinangun, namanipun pos setunggal menika Pos
Bima Suta. Wonten pos Bima Suta esensinipun mahasiswa Enggal Dipungladhi
supados kendel anggenipun mlebet wonten komplek sasana laya menika. lajeng Pos
kalih menika pos punakawan, papanipun wonten ing pinggir lepen. Mahasiswa
enggal kedah mendhet toya saking lepen ambarbinangun kanthi cara estafet. Dados
esensi-nipun saking pos punakawan ngajari tiyang supados saged gesang
rukun bebrayan wonten madyaning masyarakat. Pos ingkang candhakipun menika pos
tiga kanthi nama pos Harjuna Sasrabahu. Pos Harjuna Sasrabahu menika
nyamektakaken dolanan kekompakan pergugus, ngengingi mahasiswa jaman sakmenika
angel sanget supados kompak tumuju mring gesang ingkang mulya. Lajeng pos kaping
sekawan utawa pos ingkang pungkasan inggih menika Pos Wanara Seta. wonten ing pos pungkasan mahasiswa enggal dipunmotivasi kanthi cara
renungan saking para panitia. Dados para panitia paring stimulan awujud
ukara-ukara kangge para mahasiswa enggal, ingkang ancasipun para mahasiswa
enggal saged menggalih kanthi prayogi anggenipun ngadhepi pacoban. Adicara jurit
malam menika katutup kanthi pratandhan saking adzan shubuh. Para panitia
lan mahasiswa enggal sami senam sesarengan sabibaripun adicara jurit malam
menika.
Jurit malam menika salah satunggaling adicara ingkang asring boten nate
dipuntilar menawi wonten kegiatan-kegiatan organisasi babagan pendhidhikan.
Amargi mawi jurit malam menika, saged dados sarana upgrading
mental saha pakerti paratiyang anggenipun mlebet wonten ing swasana ingkang
enggal khusuipun para mahasiswa enggal ingkang nembe kemawon mlebet wonten ing
swasana perkuliahan wonten perguruan tinggi.
Ananging ingkang ampun kesupen bilih jurit malam menika
kathah resikonipun, amargi dipunadani wonten wayah tengahing dalu. Ancaman awujud
nyata utawa Ghaib dados tanggel jawabipun panitia. Fisik ingkang sayah kangge
para mahasiswa enggal amargi kathah kegiatan wonten ing MAKRAB, khususipun
mahasiswa estri ndadosaken lare estri asring kena prastawa kesurupan. Prastawa
kesurupan menika ugi dados babagan ingkang wigati kangge panitia supados samekta
njagi keamananipun jurit malam kaliyan sesepuh dhusun. Dados panitia
menika kedah bener-bener saged ngecek keamananipun teknis jurit malam
menika supados lakuning adicara jurit malam saged manggihi ancas ingkang
dipunkajengaken.
0 pangalembana:
Posting Komentar