Cerkak: Lawang Tansah Binukak

Rabu, 18 Desember 2013



Bada Besar ing taun iki ditandhani kanthi suara takbir kang mecah sepining wengi ing mangsa ketiga. Saya wengi suara takbir mau tansaya saut-sinaut saka saben-saben mesjid utawa langgar. Kanthi suara lirih Mbok Nah uga melu memuja kaagungane gusti kanthi lelagon-lelagon takbir. Saya suwe swara takbir kang kawetu saka latune Mbok Nah ganti dadi sesenggukan swara tangis, pranyata kabeh mau malah agawe atine Mbok Nah tansaya nggrantes.
Luh ora kena diampet, netes, tumetes ing pipine kang wis kempot kepangan umur. Wayah kaya mangkene iki njalari Mbok Nah kelingan, kelingan marang bojone kang wis suwe seda, kelingan marang anak-anake, kelingan marang uripe kang kaya-kaya ora bisa uwal saka kasusahan. Biyen, sadurunge ditinggal seda bojone, sanajan urip rekasa, ananging, isih ana kang dijak nguda rasa, isih ana kang dijak rembug piker. Lha sawise ditinggal bojone, arep rembug pikir karo sapa?. Mula Mbok Nah ngrasa sepi urip kanthi dhewekan. Anak sing mbarep, si Sartini melu bojone ning Sumatra, dadi transmigran. Ora mesthi saben tahun bisa bali. Anak sing nomer loro, sing biasane ngancani Mbok Nah, si Supiyah, durung ana setahun anggone rabi, saiki uga menyang  ning kutha, melu bojone dodolan tempe. Kabar saka sanak sedulure mratelakake yen kekarone wis padha bisa urip sarwa cukup. Pranyata kabar mau bisa gawe ayeming atine Mbok Nah, anake wis padha urip mulya, beda nasibe karo anake Mbok Nah sing wuragil, Parni. Parni laire biyen ora normal, nganti saiki, awake sekeng tur lelaranen. Ananging, sanajan kaya mangkono Parni pendhak taun bisa duwe anak, nganti saiki anake papat, tanggane yowis padha ngelikake, supaya Parni melu KB, ning merga pancen pikirane rada bodho, kabeh mau ora digagas, malah saiki Parni meteng maneh. Para tangga-tanggane nganti mesakake ndeleng Parni anggone ngopeni anake, apa maneh anak-anake mau uga dadi bot repote Mbok Nah.
Pancen nganti seprene, Parni isih omah melu biyunge. Karno bojone, gaweane amung serabutan, ora mesthi, dadi ora saben dina bisa nyambut gawe. Bola-bali Karno wis nembung mertuane yen si Parni bakal diboyong menyang kutha, ananging Mbok Nah ora tega nyawang kahanan anake. Ora tega nyawang Parni, kang dhasare awake sekeng, arep dijak nyambut gawe menyang kutha, kangggo ngemong anak-anake wae kaya-kaya ora kuat, apa maneh anake isih cilik-cilik. Ditambah gaweane Karno wae ora cetho, iyo yen Karno pas nyambut gawe, lha yen pas nganggur?. Mbok nah ora tega yen anake urip rekasa kaya dheweke, ora pengin anake dadi wong ora duwe.
Senajan mataun-taun urip dadi siji, Karno karo maratuane ora tau bisa rukun. Karno nyambut gawe ana proyek, saben dina mangkat jam telu esuk, mengko, bali yen wis ngancik wengi. Sanajan saomah, ning apa-apa, karno kaya ora ana sambat sebute karo maratuane. saben ana turahan bayaran sithik, endi sing bakso, mie ayam, soto, werna-werna dituku, tekan ngomah dipangan ndhelik-ndhelik ana kamare, tanpa nawani Mbok Nah. Saben esuk Mbok Nah amung diturahi regedane, kaya-kaya ora mikir, sapa sing nomboki yen anake Karno sing sekolah SMP, kurang anggone mbayar SPP. Sapa sing ngrewangi yen Parni kerepotan ngopeni anake. Saben-saben, Mbok Nah mung bisa ngelus dhadha, ngrasakake panandange mantune kang kaya mangkono kuwi.
Nganti ngancik sawijining dina, nalika cahyane kartika nggawe ayang-ayang saka wit-witan kang ngrembuyung ana ngarep omah. Ing wengi kuwi, Mbok Nah lagi wae mbenakake gelungane kang udhar, merga, lagi wae nurokake putune ana kamare Parni sing morak-marik ora karuan, sinambi geguneman karo Parni, Mbok Nah gedhek-gedhek ngrasakake kahanan. Kamar sing ciut kuwi hawane nyesegi dhadha, merga saben dina diomprong abluk rokoke Karno. Kaya mangkono kuwi lak ora apik kanggo bayi, apa maneh kamar kuwi ora ana ventilasi apa bolongan angine. Ditambah maneh ambune ompol bayi, klambi-klambi reget, sepatu, malah ana turahan bakso ning mangkok kang ana sak ndhuwur meja, ambune wis kecut nyelaki irung.
Lagi geguneman wong loro, Mbok Nah karo Parni dikageteke suwara lawang dibanting. “Mbok, simbok!” Karno bengak-bengok.
“Ana apa to?, ora usah bengak-bengok,” kanthi sareh Mbok Nah nyauri saka njero kamar.
 Bareng tekan kamare, tanpa tedheng aling-aling Karno muni-muni. “Mbok, aku ngerti simbok ora seneng karo aku, ning ora usah kudu ndadak mateni pitikku barang. yen carane kaya mangkono aku ya bisa.”
“Owalah Kar-Kar, kowe kie yen omong mbok dipikir dhisik, ora waton metu, tega-tegane nudhuh maratuane mateni pitikmu, utegmu kuwi nangendi?” Mbok Nah uga melu muntab.
“Wis mbok, ora usah ngapusi, ngendi ana maling ngaku, buktine subuh mau pas aku mangkat nyambut gawe, tak delok pitikku ya isih padha urip, ning kena ngapa saiki pitikku mblujur kaku ana kandhang, yen dudu simbok sapa maneh?, sing gaweane makani pitik lak yo simbok to!”
“Pancen ora tedhas mbecik kowe Kar, tega kowe nudhuh aku ngracuni pitikmu, oh iyo, iyo, yen pancen ngono karepmu, orapopo,” Mbok Nah ora kuat ngampet tangis, Mbok Nah menyat lunga saka kamare Karno.
“Mbok, simbok,” Parni karepe arep nggandhuli biyunge ning di penthelengi Karno.
Saka kamar, Mbok Nah mung bisa nangis ngelus dhadha, ora ngira mantune wani nudhuh maratuane, saka kamare Parni, keprungu swarane Karno kang isih muni-muni karo Parni.
Adan subuh lagi dilagokake dening muadzin, nangekake para kawula supaya enggal sowan marang gustine. Mbok Nah lagi wae arep wudhu, nalika liwat pawon, mak dheg, dhadhane kaya ditibani watu, Mbok Nah ambruk, atine nggrantes, sikile lemes ora kuat nyangga awake. Pitike jago loro-lorone mati kabeh, sirahe biru, metu umpluk saka cucuke. Mbok nah wis ora nggagas, wis ngerti sapa kang njalari. Ora ngira, Karno tegane tekan semono. Mbok Nah subuhan sinambi mripate kembeng-kembeng waspa, wusanane padha pating brebel ana pipine, tiba ana tangane kang lagi lelumah madhep mendhuwur.
Sawise subuhan Mbok nah murugi kamare Parni, “Bojomu nangendi Ni?” pitakone Mbok Nah marang Parni.
“Wis mangkat kawit sadurunge subuh mau Mbok, ana apa to Mbok?, kok kadingaren nakokake Mas Karno.” wangsulane Parni.
“Ora, Ora ngapa-ngapa,” Mbok Nah lunga saka kamare Parni, ora tekan menawa arep crita kedadean satenane marang anake.
Kadadean esuk mau alon-alon bisa dilalekake dening Mbok Nah, susah ana atine kalipur dening guyon-guyonan saka kancane kang wektu kuwi lagi bareng-bareng rewang tandur ing sawah. Sedina tutuk anggone nyambut gawe, nganti keprungu adan maghrib ana kadohan, Mbok Nah nuli menyat banjur bali. Lagi wae tekan latar omahe, Mbok Nah digawe kaget. Parni, Karno, lan anak-anake ngadeg ana ngarep lawang nggawa buntelan-buntelan. Parni nggendhong anake sing cilik dhewe nyambi nyangking buntelan, anake sing nomer siji nggendhong tas. Karno nyunggi buntelan karo nggendhong tas gedhe, pitikke uga kabeh digawa, diwadhahi ana kranjang.
“Kowe arep nangndi Ni?” pitakone Mbok Nah marang Parni sinambi nyandhak tangane, tanpa nggagas Karna sing ana sisihe Parni.
“Kuwi, Mas Karno jare dijak nyambut gawe ning Semarang karo mandhore, bayare gedhe. Parni wangsulan.
“Mbok dipikir dhisik, ning kana arep omah ning ngendi? Karo sapa? Banjur, Anakmu sekolahe piye? Ni!”
“Mbuh kuwi Mas karno, yen sekolahe yo pindhah, sesuk nek liburane wis rampung, surat pindhahe arep diurus Mas Karno.” ‘
“Apa kudu saiki?” Mbok Nah nyaut.
 “sesuk esuk lak yo wektune malah luwih longgar, wayah surup kaya mangkene kok arep lunga, ora apik!.” Mbok Nah nggandhuli tangane Parni.
“Wis Ni, ayo ndang mangkat, suwe-suwe ning kene aku supek, stres!” Karno nyaut sinambi nyeret anak bojone lunga saka papan kana.
“Ni, Parni,” sinambi nangis, Mbok Nah nggandhule Parni, ananging ora bisa nyegah kekarepane Karno
Mbok Nah amung bisa nangis, lungguh ana lincak ngarepan omah sinambi ngangen-angen, atine nggrantes, apa kang njalari uripe tansaya susah?.
Sawise ditinggal lunga Parni sakluwargane, Mbok Nah mung urip dhewekan. Saben wengi, banyu luh tansah tumetes nalika Mbok Nah nyedhak marang sing kuwasa. Muga-muga anake kabeh tansah pinaringan keslametan.
Mangsa ketiga wis ginanti dadi mangsa rendheng, purnama uga wis njedhul maneh, gagah angungkung mega ing angkasa. Sesasi suwene anggone Parni lunga, tanpa ana kabar kang teka. Ing wengi kuwi, Lagi bubar sholat maghrib Mbok Nah uthik-uthik geni ing pawon sinambi nggodhok banyu. Keprungu swara celuk-celuk saka ngarep omahe, gage Mbok Nah menyat mbukakake lawang. Mak dheg, Kaget, trenyuh, bungah dadi siji gawe seseg dhadhane Mbok Nah. Ing ngarep lawang, Parni nangis, anak-anake ngadheg ing ngarepane, kilang-kilong, persis kaya nalika pas mangkat mbiyen, bedane, saiki pitik sing biyen digawa wis ora ana, buntelan-buntelan sing biyen uga digawa saiki wis ora ana wujude.
“Mbok, Simbok, aku njaluk ngapura Mbok,” Parni ngekep mbokne, tangise mecah swasana wengi kang rumuhun.
“Wis, uwis, aku ngerti,” mbok nah ngeculke kekepane parni. “Wis saiki kana, anakmu-anakmu dijak mangan dhisik wae, critane mengko wae!, kae neng meja, ana gethuk karo berkat saka daleme Bu Hajah, kana!” kandhane Mbok Nah.
Mbok Nah mesem ndeleng putune padha iwut mangan, kelingan Karno, dheweke banjur menyat marani Karno kang durung mlebu ana ngomah.
“Ana apa Kar, kok ora gelem mlebu, supek, apa stres yen mlebu omah kene!”
“Boten Mbok,” karno mlayu banjur ngekep sikile mertuane.
“Saestu Mbok, kula nyuwun pangapunten, kula eling mbok, kula emut, menawi simbok saged ngracuni pitik kula, tamtu uga Simbok saged ngracuni kula. Kula eling, kula namung ndherek Simbok, menawi boten wonten Simbok, badhe kados pundi nasib kula sakluwarga.” Karno ngomong karo sesenggukan.
“Mbok, menapa Simbok kersa nampi kula?” Karno mbacutake omongane.
Mbok nah ngentasake karno, “Wis Kar, ora usah dirembug maneh, lawang omah iki bakal binukak kanggo sapa wae.”
“Maturnuwun Mbok. Maturnuwun sanget”. Karno nyauri karo nangis sadadi-dadine.
Ana ing wengi kuwi Mbok Nah kraos bungah. Gusti sampun kersa mbukak atine Karno, saiki atine Mbok Nah ayem, sanajan rekasa dheweke seneng, pranyata kabagyan kuwi ora mung duweke wung sugih, dadiya wong mlarat ananging bisa tansah sukur, kabagyan tansah bakal cinaket, puji sukur ora kendhat diaturake Mbok Nah marang Gusti kang murbeng dumadi.

tamat

0 pangalembana:

Posting Komentar